Kamis, 21 Maret 2013


Roni Jagone Drag
     

            Wengi iku krasa anyes lan sepi. Nanging swasana wengi nang pantai Kenjeran beda, komunitas monthor lagi padha latian drag bike utawa balapan. Roni lan wahyu arep dolan mring ngana. Roni pancen dikenal si jago drag, ora salah yen kawasan kana saiki wis dicekel karo Roni. Sak dalan-dalan swara knalpot Jupiter Roni mbrebeki kuping wong-wong sing siki lagi padha turu, pancen jam semene wus wayahe turu.
            Jam rolas wengi nang Kenjeran, saka kadohan ana komunitas Vegane Parto sakanca teka. Roni lan kanca-kancane ndheleng tekane Parto.
Wahyu             :  “Ron, ana mungsuh anyar, geh!”(tangane nduding komunitas vega sing lagi bae teka)
Roni                 :  “Aku ora wedi! Sapa, sih, sing isa ngalahna montorku?” (mereki gerombolan sing durung nate mandheg)
                           “Alon-alon mas! Mandheg dhisit. Nek arep liwat kene, kudu ngomong karo aku. Daerah kene siki uwis tak cekel.”
Parto               :  “Kiye sing jenenge Roni? Ck ck ck. Ketone sing diomongna wong-wong kae salah.” (mudun saka monthore)
Roni                 :  “Nek kowe wani teka maring ngene, berarti kowe uwis wani kalah!” (Sumbar Roni sambi njagang monthore)
Parto               :  “Aja sesumbar dhisit, kowe! Nek pancen bener omonganmu, ndhi buktine?”
Roni                 :  “Ya, wis. Nek kaya kuwe, kowe tak tantang minggu ngesuk nang kene. Aja ngantek ora teka. Jupiterku kiye urung tau kalah!” (lunga)
            Ngesuke nang bengkele Mas Man...
Wahyu             : “Ron, nek monthormu tesih kaya kiye, aku mandan ora yakin nek kowe bisa menang.”
Roni                 :  “Lha, terus priwe?”
Mas Man         :  “Kiye mesti di modif dhisit, Ron, men mlayune tambah banter!”
Roni                 :  “Priwe ya, mas.. nyong durung duwe dhuwit!”
Mas Man         :  “Wis, gampang lah!”
Wahyu             :  “Ya, Ron. Ora papa, aku sing mbayar!”
Roni                 :  “Temenan apa, Yu?”
Wahyu             :  “Iya. Wis, anteng bae!”
            Monthor jupitere Roni langsung depreteli kabeh. Mesine didandani, bodine digenti. Pokoke siki monthore wis beda karo maune. Mlayune juga dadi tambah banter.
            Monthor sing wis dimodif mau digawa bali karo Roni. Abahe wis ngenteni nang ngarep umah sambi maca koran.
Roni                 :  (Teka, markir monthor nang ngarep teras umah)
Abah                :  “Ron, ko kapakna kae Jupitere? Jar-jarmu apik apa? Dadi bocah kapan benere, sih, kowe? Mesti nggawe duka atine wong tuwa!”
Roni                 :  (Meneng ndingkluk)
Ibu                   :  “Kenang ngapa ya, bah? Ndelak-ndelak. (Ndheleng Roni ngadheg nang teras)
                           “Mlebu, Ron. Kae ibu wus njangan, wis ma’em rung?”
Abah                :  “Kae bu, dheleng monthore Roni. Bocah koh, ndina-ndina gawa kesuh wong tuwa!”
Roni                 :  (ngerti abahe kesuh, Roni lunga meng jaba. Ngurubna monthor banjur bablas)
Ibu                   :  “Arep meng ngendhi, Ron?”
Abah                :  “Keh mbok! Ora ana sopan-sopane karo wong tuwa!”
Ibu                   :  “Bah, karo bocah aja kasar-kasar. Roni kae mesti dialusi men manut.”
Abah                :  “Men jorna bae, apa karepe! Ngko tulih nek ngelih bali dhewek!” (mlebu omah)
            Ibune mung isa geleng-geleng sambi ngelus dada. Dheweke bingung, duwe anak siji ora isa nyengke atine wong tuwa. Sabendina kerjane mung dolan, klayaban. Baline sepenak jidad.
Ibu                   :  “Bah, tangi bah! Deneng esuk-esuk isih peteng, ana rame-rame nang ngarep omah, ya?” (njawil-njawil lengene abah)
Abah                :  “Nang ngapa, bu?” (nangkis tangane ibu)
Ibu                   :  “Kae, bah, nang ngarep omah. Ayuh, metu!”
Abah                :  (Tangi, metu)
Ibu                   :  “Ana ambulan, bah?”
Abah                :  “Sapa ya, bu?” (abah karo ibu mereki ambulan sing parkir neng ngarep omahe)
                           “Roni? Nang ngapa kowe, Ron?”
Ibu                   :  “Ha?! Roni! Tangi Ron, kowe durung wayahe mati. Aja ninggalna ibu, Ron.. tangi!” (Ngoyang-nggoyang mayit anake sing dleweran getih)
Abah                :  “Bu, bu! Ana apa, bu? Tangi bu, sadar! Ibu ngimpi, ya?”
Ibu                   :  “Astaghfirullah, bah.. Ibu ngimpi Roni, bah”
Abah                :  “Bakal ana apa ya, bu?”
            Nang Kenjeran balap wis arep dimule. Roni keton mandan gugup, ket mau Roni mung nglamun nang ndhuwur monthor.
Wahyu             :  “He! Ana apa? Ora biasane kowe ngalamun!” (nabok punggunge Roni)
Roni                 :  “Yu, aku ora yakin dina iki aku bisa menang.”
Wahyu             :  “Ngomong apa, kowe?”
Roni                 :  “Iya, yu. Mau esuk abah kesuh maring aku”
Wahyu             :  “Terus?”
Roni                 :  “Ya, aku lunga mau ora ijin marang wong tuwaku. Biasane nek aku pamit dolan, trus karo wong tuwa uwis diijini, aku bisa menang.”
Wahyu             :  “Lha, bocah-bocah neng kene, kabeh juga ora tau ijin marang wong tuwane. Biasane, bocah-bocah kae ora diperhatekna karo wong tuwane, mangkane bisa dolan maring ngene!”
Roni                 :  “Omonganmu ana benere juga!”
Wahyu             :  “Ya, wis yuh. Balapane uwis arep dimule.”
Roni                 :  “Yuh!”
            Balapan dimule. Roni nang ngarep dhewe, nang mburi Parto ngupaya mbalap Roni. Awale tesih lancer-lancar bae, nanging, 200 meter sedurunge garis finish, Roni kelangan kendali. Monthore oleng, banjur tiba. Roni melu tiba nggulung-nggulung neng aspal, helme copot, nganti awake mandheg nang pinggire dalan. Wong-wong padha ngrubung Roni sing dleweran getih, ora ana sing ngerti Roni isih teyeng ambekan apa ora. Sing nggenah awake meneng ora obah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar